Rabu, 26 Februari 2014

Contoh Kultum Bahasa Jawa : 10 Pokok- Pokok Ajaran Islam

Diposting oleh Unknown di 01.30


Assalamu’alaikum wr.wb
10 Pokok-pokok Ajaran Islam
Minangka atur pambuka, mangga kita syukuri ni’matipun Gusti Allah ingkang kathahipun tanpa wilangan. Syukur kanthi ningkataken iman lan takwa kita dhumateng Allah SWT. Shalawat salam mugi konjuk dhumateng panutuping para Nabi lan Rosul, Muhammad SAW dalah ahli waris, para sohabat lan sedaya pendherekipun.
Para sedherek, ing wekdal punika kita rumaos lega sebab dene saged ngayahi kewajiban nindakaken siyam Ramadhan nutug sesasi, dipun kantheni kelawan mapinten-pinten amaliyah ingkang mugi-mugi katampi dening Allah SWT.
Ing Ramadhan niki, mangga kita sesarengan ambudidaya nyampurnakaken amaliyah agami kita kelawan nindakaken 10 perkawis pokok-pokok ajaran islam sesuai kaliyan kemampuan kita masing-masing. 10 pokok wau kawengku ing huruf S, inggih punika :
1.        Syahadat
Syahadat punika rukun islam ingkang kawitan, ingkang dados pondasinipun rukun-rukun lan ajaran islam sanesipun. Syahadat ugi keyakinaning manah ingkang dipun ucapaken mawi lesan (Ingkang baku, menawi tiyang sampun yakin dhumateng Allah, mangka samubarang ingkang kalampahan mboten uwal saking Allah, nyuwun pangereksa inggih namung dhateng Allah, nyuwun pitulungan inggih namung dhumateng Allah).
2.        Shalat
Shalat punika ibadah ingkang paling utami, sahinggo menawi tiyang shalatipun risak inggih kesaenan sanesipun mboten katampi dening Allah SWT. Rasul SAW wonten ing satunggaling hadist riwayat Al Hakim ngendika : “Perkara kang bakal den hisab luwih dhisik ing dina qiyamat ya solate. Yen solate bener, bakal ditampa kabeh ngamal kebagusane. Yen solate rusak mangka bakal den tolak kebeh ngamal kebagusane”.
3.        Shadaqah
Shadaqah ing dalem agami islam wonten ingkang hukumi wajib wonten ingkang sunnah. Ingkang wajib arupi zakat fithrah lan zakat mal. Zakat mal namung dipun wajibaken tumrap tiyang islam ingkang bandhanipun dumugi sanishab. Lan punika wajib dipun bayar, amargi mboten, pidananipun awrat.
Kelebet wajib ugi inggih punika nafkah suami kaliyan kaluwarganipun. Namung kemawon agenging nafkah gumantung kaliyan kemampuanipun.
Wondene shadaqah sunah ingkang ganjaranipun ugi mlipat-mlipat saged arupi amal jariyah, waqaf, hibah, santunan, lsp.
4.        Shaum
Shaum tegesipun ngeker, inggih punika ngeker saking dhahar lan ngunjuk, ngendika lan sanes-sanesipun. Tujuanipun, kangge ngangkat drajatipun tiyang mu’min dados tiyang muttaqin, sebab inggih tiyang Muttaqin punika ingkang sampun kasedhiyakaken swarga (Al Quran surat Ali Imran 33).
5.        Safat Ilal Hajj
Inggih punika nindakaken ibadah haji ing Makkah Al Mukarramah, ingkang kalebet rukun islam ingkang angka gangsal.
6.        Shilaturrahim
Manusia punika kalebet makhluk sosial ingkang mboten saged gesang piyambakan tanpa kebantu dening tiyang sanes. Pramila sampun samesthinipun manungsa kedah gesang bebrayan, lung-tinulungan, bantu binantu.
7.        Syukur
Rasulullah SAW saben-saben nampi kani’matan temtu sujud syukur, matur ginging panuwun dhumateg Allah. Kejawi punika, Allah panci ngersakaken supados kita kaum muslimin dadosa tiyang ingkah tansah syukur, amrih katambahan ni’matipun.
8.        Sabar
Sejajar kaliyan syukur, namung ingkang kawastanan sabar punika menggahing tiyang awam gampang kinucap ananging angel kelampahan
9.        Sabilillah
Berjuwang ing marginipun Allah kadosta ta da’wah dhateng daerah ingkang taksih rawan islamipun, mucal Al Quran lan ilmu agami dhateng lare-lare, ngrimat yatim piatu, mbrasta kebodhoan, lsp.
10.    Satru Maksiyat
Maksiyat ateges nindakaken awisanipun Allah lan nilar dhawuhipun Allah. Kadosta nindakaken Ma Lima (Main, Madat, Madon, Maling, Manembah brahala), nilar sholat, siyam lan zakat, lsp.
Mekaten kultum ingkang saged kawula aturaken, mugi-mugi siyam kia saestu-estu saged nuceni jiwa kita saking mapinten-pinten dosa. Kawula nyuwun agunging pangapunten menawi wonten kalepatan, kekhilafan lan kekirangan. Akhir kalam wabilahitofik walhidayah.
Wassalamu’alaikum wr.wb

0 komentar:

Posting Komentar

 

STUPID ENJOY DIARY Copyright © 2012 Design by Antonia Sundrani Vinte e poucos