Rabu, 26 Februari 2014

Naskah Pidato Bahasa Jawa : Ulang Tahun Sekolah

Diposting oleh Unknown di 01.06


Assalamu’alaikum wr.wb
Kepala SMA N Ajibarang ingkang tansah kinabekten
Bapak/Ibu guru uga karyawan/karyawati SMA N Ajibarang ingkang dahat kinurmatan
Lan mboten kesupen sedaya kanca-kanca SMA N Ajibarang ingkang kula tresnani
Minangka atur pambuka mangga kula lan panjenengan syukuri ni’matipun gusti Allah ingkang kathah tanpa wilangan. Shalawat lan salam mugi konjuk dhumateng panutuping para Nabi lan Rosul, Nabi Muhammad SAW, dalah ahli waris, para sahabat, lan pendherekipun.
Para sedherek ingkang wonten ing SMA N Ajibarang, dinten niki kula lan panjenengan saged bangga amarga dinten niki dinten ulang tahun sekolah ingkang kula lan panjenengan tresnani, yaiku SMA N Ajibarang ingkang kaping 30 yuswanipun.
Para sedherek, ing wekdal niki kula badhe ngaturaken pidhato utawa sesorah ingkang mewakili sedaya kanca ing SMA N Ajibarang. Ancasanipun kangge meriahaken acara dinten niki. Nanging, sederengipun kula ngaturaken pidhato, kula ingkang mewakili sedaya kanca-kanca kula ngaturaken rihin “sugeng tanggap warsa kangge SMA N Ajibarang” mugi-mugi sekolah niki dados sekolah ingkang sae, disenengi dening tiyang kathah amarga saged nglairaken bocah-bocah ingkang sukses. Amin…
17 Februari 1984 yaiku tanggal laire utawa berdirine sekolah niki, awit biyen ngantos seniki, taun 2014, diitung-itung yuswanipun sekolah kula lan panjenengan 30 taun. Yuswa 30 niku benten usia ingkang enom nanging yuswa ingkang kalebu dewasa, Alhamdulillah miturut kula sekolah niki sampun dewasa, dewasanipun sekolah niki katingal saking perjuanganipun sekolah niki dados sekolah ingkang patut dipertimbangake sekolah lain, guru-guru ingkang telaten, sabar ndidik murid supados berprestasi, berpendidikan, berakhlak sae uga turut mewarnai perkembangan sekolah. Kathah uga perubahan ingkang dilakuaken demi kenyamanan murid belajar supados nggapai cita-citanipun , pokoke kathah jasa-jasa sekolah kanggo kula lan panjenengan.
Mekaten pidhato ingkang kula aturaken. Mugi-mugi kula lan panjenengan saged dados generasi sekolah ingkang banggaaken. Kula nyuwun pangangpunten menawi woten kelepatan utawa kekhilafan. 
Wassalamu’alaikum wr.wb

2 komentar:

Be Yourself Girls on 8 Februari 2015 pukul 04.08 mengatakan...

terima kasih pidatonya.

Unknown on 29 Mei 2015 pukul 04.20 mengatakan...

Gini juga bisa: mekaten pidhato ingkang kula aturaken. Mugi-mugi kula lan panjenengan saged dados generasi sekolah ingkang banggaaken. Kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Posting Komentar

 

STUPID ENJOY DIARY Copyright © 2012 Design by Antonia Sundrani Vinte e poucos